Cerkak yaiku wacan kang kalebu
crita narasi lan isisne nyritakake prastawa kang dialami paraga knthi urutan
wektu tinamtu.
Titikane cerkak
yaiku isine nyritakake crita, ana kedadeyan, ana paraga, lan ana wektu
kedadeyan.
Unsure-unsur intrinsic cerkak :
1. Tema, yaiku
saripatine kang diandharake utawa kang dicritakake.
2. Paraga
utawa tokoh yaiku wong kang maragani crita
Paraga ana telung werna yaiku :
v Paraga
utama, utawa protagonist
v Paraga
mungsuh, utawa antagonis
v Paraga
tambahan, utawa tritagonis
3. Watak, yaiku
watak paraga siji lan sijine ing sajroning crita.
4. Alur, yaiku
crita utawa urut-urutane crita.
5. Latar utawa
setting yaiku perangan kang nerangake papan utawa wektu kelakone kedadeyan ing
crita iku.
6. Sudut
pandang yaiku kalungguhane pangripta ing sajroning crita.
7. Gaya bahasa
utawa lelewaning basa yaiku basa sing digunakake pangripta ing sajroning crita.
8. Amanat
utawa pesan yaiku pesen sing arep diaturake pangripta marnag pamaos utawa pesen
apa sing sinandhi ing crita iku.
Conto cerkak :
PELAJARAN SAKA BUAH PELEM
Dening:
Sukma Wardani
26
Februari 2012
awan
iki srengenge ngetokake sinar terike. Saiki wis jam 01.45, bocah wadon cilik
metu saka mobil lan mlayu maring umaeh. Ibune sing lagi lungguh ing ruang tamu
ndadak ngadeg kanggo nyambut anak unting-untinge bali. Pas ndeleng ibune, bocah
cilik iku ngrangkul ibune kenceng banget lan mulaih nangis. Ibune ngelus siraeh
bocah cilik iku kanthi lembut.
“ana apa peri cilikku?” takon ibu
Bocah cilik iku nyopot rangkulane, banjur ndeleng ibune.
Ibune mesem ndeleng mripat bocah cilike teles karo iluh. Dheweke ngelap ilueh
peri cilikke karo jempole.
“Rafinka yen ana masalah ceritakna karo ibu,”
“wau teng sekolah Vassa ngrusak boneka Shaun the
sheepipun kula,” Rafinka njukut sesuatu saka njero tase, banjur nerusna critane
meneh,”ibu mirsani, siraihpun copot hiks…hiks…,”
Ibune ngelus-elus pundake Rafinka, “uwis uwis, sesuk ibu
tumbaske meneh ya..”
“ananging dheweke kalih nggangguni kula,” ujar Rafinka
karo ngrangkul bonekane sing rusak
“masa mur kaya kue peri cilikke ibu nangis. Peri cilikke
ibu iku ora cengeng. Mbasanu peri cilikke ibu ketuker,” ujare ibu meden-medeni
Rafinka. Dheweke arep ngadeg saka kursi, Rafinka sing nerti ibune arep ngadeg
ora diulihna.
“ibuuuuu,” Rafinka ngrangkul ibune maning. Nang bayangane
dheweke arep ditinggal ibune lunga mergane uis nangis.
Ibune mesem maning, banjur ngomong “menyang teras mburi
yuh, mau bapak nggawa pelem akeh,”
Rafinka mlaku
karo ibune menyang teras mburi. Tekan kana dheweke weruh kranjang sing isine
pelem.
Pas Rafinka lagi
gayeng ngoceti peleme dhewek, dhumadakan dheweke njerit, “Aaaaaa ibu, wonten
ulere,”
Ibune sing krungu
jeritane Rafinka medek banjur ndeleng peleme Rafinka.
“pelem iki rasane luwih legi, sebeb iku uler seneng. Tapi
yen pelem iki kecut, uler ora bakal gelem urip neng njerone. Kaya kue mbarang
menungsa. Menawa sawijining pawongan ndueni nilai lewih, akeh wong sing ora
seneng. Sebabe wong pada ngrasa iri karo wong kasebut. Nanging menawa wong iku
ora ndueni nilai lewih, wong lia ora bakal iri. Dadi langka sing mungsuih,”
jelas ibu
“napa kadhos masalahipun kula kalih Vassa?”
Ibu ndeleng Rafinka, “menurutmu? Apa koe ngrasa kaya
kue?”
Rafinka njunjung pundake, “kadhosipun,”
Rafinka mulaih
nyeti pelem sing anyar, dheweke mikir sedela banjur takon maning.
“pelem niki manis, ananging kanging nopo mboten wonten
ulere?”
“menawa digambarake karo menungsa iku berarti, ora kabeh
wong sing ndueni nilai lewih bakal dimungsuih. Miturut carane bersikap karo
wong. Kayane dheweke ramah, andap asor, lan seneng nyengkuyung. Sikap lan sifat
lair saka keluarga. Dadi kayane pelem iku who ing wit sing diopeni lan aman
saka hama,”
Rafinka manthuk.
Ibune nerusakengethoki pelem kanggo gawe jus. Amarga ngrasa wis marem maemi
pelem, Rafinka ndueni maksudmlebu meng njero umah. Nanging nembe rong langkah
dheweke mlaku, ibune ngundang.
“iki nangapa ora dipangan?” takon ibu
“pelem niku sampun layu, kulitipun keriput. Kula wedos
menawi teng lebetipun kathah ulere,”
Ibune njukut peso
lan mulaih ngoceti pelem kasebut. Salah siji kethokane diwenehke marang
Rafinka.
“kie dijejel,” ujare ibu
Kanthi ragu
Rafinka njukut kethokan pelem kasebut lan dipangan.
Dumadakkan Rafinka ngomong, “wow raosipun manis,”
“aja ndeleng apa bae saka njabane thok. Koe ora bakal ngerti
rasa pelem iki lan apa isi pelem iki menawa wujud pelem iki tesih
dipermasalahna,”
“ananging sak derengipun kula sampun nyicipi poelem kados
niki lan raosipun saestu mboten eco. Sebeb menika kula mboten purun pelem
ingkang bentukipun kados niku malih,” ujare rafinka menehi alesan
“belajar saka pengalaman? Iku becik. Nanging koe ajawedi
melangkah mur sebabe koe tau salah,” ibu ngelus rambute Rafinka, “yawis, koe
ulih mlebu”
Rafinka maring
njero umah. Dheweke wis ora pengin nangis maning. Dheweke ngerti, pelem sing
ora bisa obah wae ana sing kepengin karo legine. Apamaning Rafinka, manungsa
sing bisa obah lan nglakokna apa bae sing dikarepna. Mestine ana bae wong sing
iri karo kemempuan sing beda.
®®v¬¬
Post a Comment