sukma w.

Cerkak yaiku wacan kang kalebu crita narasi lan isisne nyritakake prastawa kang dialami paraga knthi urutan wektu tinamtu.
        Titikane cerkak yaiku isine nyritakake crita, ana kedadeyan, ana paraga, lan ana wektu kedadeyan.
Unsure-unsur intrinsic cerkak :
1.   Tema, yaiku saripatine kang diandharake utawa kang dicritakake.
2.   Paraga utawa tokoh yaiku wong kang maragani crita
Paraga ana telung werna yaiku :
v Paraga utama, utawa protagonist
v Paraga mungsuh, utawa antagonis
v Paraga tambahan, utawa tritagonis
3.   Watak, yaiku watak paraga siji lan sijine ing sajroning crita.
4.   Alur, yaiku crita utawa urut-urutane crita.
5.   Latar utawa setting yaiku perangan kang nerangake papan utawa wektu kelakone kedadeyan ing crita iku.
6.   Sudut pandang yaiku kalungguhane pangripta ing sajroning crita.
7.   Gaya bahasa utawa lelewaning basa yaiku basa sing digunakake pangripta ing sajroning crita.
8.   Amanat utawa pesan yaiku pesen sing arep diaturake pangripta marnag pamaos utawa pesen apa sing sinandhi ing crita iku.

Conto cerkak :

 
PELAJARAN SAKA BUAH PELEM
Dening: Sukma Wardani
26 Februari 2012

  awan iki srengenge ngetokake sinar terike. Saiki wis jam 01.45, bocah wadon cilik metu saka mobil lan mlayu maring umaeh. Ibune sing lagi lungguh ing ruang tamu ndadak ngadeg kanggo nyambut anak unting-untinge bali. Pas ndeleng ibune, bocah cilik iku ngrangkul ibune kenceng banget lan mulaih nangis. Ibune ngelus siraeh bocah cilik iku kanthi lembut.
“ana apa peri cilikku?” takon ibu
Bocah cilik iku nyopot rangkulane, banjur ndeleng ibune. Ibune mesem ndeleng mripat bocah cilike teles karo iluh. Dheweke ngelap ilueh peri cilikke karo jempole.
“Rafinka yen ana masalah ceritakna karo ibu,”
“wau teng sekolah Vassa ngrusak boneka Shaun the sheepipun kula,” Rafinka njukut sesuatu saka njero tase, banjur nerusna critane meneh,”ibu mirsani, siraihpun copot hiks…hiks…,”
Ibune ngelus-elus pundake Rafinka, “uwis uwis, sesuk ibu tumbaske meneh ya..”
“ananging dheweke kalih nggangguni kula,” ujar Rafinka karo ngrangkul bonekane sing rusak
“masa mur kaya kue peri cilikke ibu nangis. Peri cilikke ibu iku ora cengeng. Mbasanu peri cilikke ibu ketuker,” ujare ibu meden-medeni Rafinka. Dheweke arep ngadeg saka kursi, Rafinka sing nerti ibune arep ngadeg ora diulihna.
“ibuuuuu,” Rafinka ngrangkul ibune maning. Nang bayangane dheweke arep ditinggal ibune lunga mergane uis nangis.
Ibune mesem maning, banjur ngomong “menyang teras mburi yuh, mau bapak nggawa pelem akeh,”
  Rafinka mlaku karo ibune menyang teras mburi. Tekan kana dheweke weruh kranjang sing isine pelem.
 Pas Rafinka lagi gayeng ngoceti peleme dhewek, dhumadakan dheweke njerit, “Aaaaaa ibu, wonten ulere,”
  Ibune sing krungu jeritane Rafinka medek banjur ndeleng peleme Rafinka.
“pelem iki rasane luwih legi, sebeb iku uler seneng. Tapi yen pelem iki kecut, uler ora bakal gelem urip neng njerone. Kaya kue mbarang menungsa. Menawa sawijining pawongan ndueni nilai lewih, akeh wong sing ora seneng. Sebabe wong pada ngrasa iri karo wong kasebut. Nanging menawa wong iku ora ndueni nilai lewih, wong lia ora bakal iri. Dadi langka sing mungsuih,” jelas ibu
“napa kadhos masalahipun kula kalih Vassa?”
Ibu ndeleng Rafinka, “menurutmu? Apa koe ngrasa kaya kue?”
Rafinka njunjung pundake, “kadhosipun,”
  Rafinka mulaih nyeti pelem sing anyar, dheweke mikir sedela banjur takon maning.
“pelem niki manis, ananging kanging nopo mboten wonten ulere?”
“menawa digambarake karo menungsa iku berarti, ora kabeh wong sing ndueni nilai lewih bakal dimungsuih. Miturut carane bersikap karo wong. Kayane dheweke ramah, andap asor, lan seneng nyengkuyung. Sikap lan sifat lair saka keluarga. Dadi kayane pelem iku who ing wit sing diopeni lan aman saka hama,”
  Rafinka manthuk. Ibune nerusakengethoki pelem kanggo gawe jus. Amarga ngrasa wis marem maemi pelem, Rafinka ndueni maksudmlebu meng njero umah. Nanging nembe rong langkah dheweke mlaku, ibune ngundang.
“iki nangapa ora dipangan?” takon ibu
“pelem niku sampun layu, kulitipun keriput. Kula wedos menawi teng lebetipun kathah ulere,”
  Ibune njukut peso lan mulaih ngoceti pelem kasebut. Salah siji kethokane diwenehke marang Rafinka.
“kie dijejel,” ujare ibu
  Kanthi ragu Rafinka njukut kethokan pelem kasebut lan dipangan.
Dumadakkan Rafinka ngomong, “wow raosipun manis,”
“aja ndeleng apa bae saka njabane thok. Koe ora bakal ngerti rasa pelem iki lan apa isi pelem iki menawa wujud pelem iki tesih dipermasalahna,”
“ananging sak derengipun kula sampun nyicipi poelem kados niki lan raosipun saestu mboten eco. Sebeb menika kula mboten purun pelem ingkang bentukipun kados niku malih,” ujare rafinka menehi alesan
“belajar saka pengalaman? Iku becik. Nanging koe ajawedi melangkah mur sebabe koe tau salah,” ibu ngelus rambute Rafinka, “yawis, koe ulih mlebu”
  Rafinka maring njero umah. Dheweke wis ora pengin nangis maning. Dheweke ngerti, pelem sing ora bisa obah wae ana sing kepengin karo legine. Apamaning Rafinka, manungsa sing bisa obah lan nglakokna apa bae sing dikarepna. Mestine ana bae wong sing iri karo kemempuan sing beda.

®®v¬¬

Labels:
0 Responses

Post a Comment